Selasa, 08 April 2014

Donyane peteng amargo weteng



- Doel Kangpardi -


Tong dudu blek
ana kalane dadi pawuhan
nora sinawang nadyan tumandang
sapa gelem ngaku kadang? 


Blek dudu tong
ana kalane tinutup krekep, rapet
tansah sinawang nadyan kaling-kalingan
amarga kinebak ing pangan



Tong dudu blek
blek dudu tong



Kakimerapi, 08/04/14

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

yang tak tersisa

oleh: Doel Kangpardi   barangkali dunia mulai kehabisan katakata manakala hendak dongengkan polah pengabdi serakah meski seluruh anak ...