Minggu, 11 Mei 2014

Nalikane rasa kasusur basa




-Wongso Katelu , Doel Kangpardi-


Nalikane rasa kasusur basa
culika
hamung lathi kinebak ing angkara ginambar ing karya agawe cidraning donya


Kaki ..., kaki
nora sithik janma cukat
nora sithik manungsa trampil
panggaweane nempil
semanding ing pranatan kang mripil
kiwa tengen jinawil
hanyengkuyung rupa-rupa methakil



Nalikane rasa kasusur basa
aaahh ...,
prawira ...!
satriya ...!
sakjane sliramu kui sapa ...?



Kakimerapi, 24/04/14

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

yang tak tersisa

oleh: Doel Kangpardi   barangkali dunia mulai kehabisan katakata manakala hendak dongengkan polah pengabdi serakah meski seluruh anak ...